Tata krami
Assalamu’alaikum wb. Wb.
Kawilujengan saha kabagaswarasan mugya tansah kajiwa kasarira dhumateng panjenengan sedaya dalasan kula.
Bapak pangarsa SMA N 1 PAKEM ingkang kinurmatan, Bapak/Ibu guru saha staf karyawan ingkang kula bekteni, para kanca ingkang sutresna, sarta para lenggah ingkanh satuhu bagya mulya. Sakdherengipun sumangga kula dherekaken muji syukur dhumateng Gusti Allah ingkang maha kuwaos ingkang sampun paring kanugrahan, rahmat, sarta hidhayahipun dhumateng panjenengan sedaya dalasan kula, satemah saged kempal ing papan menika kanthi pinayungan karaharjan, tebih saking rubeda nir ing sambekala.
Para lenggah ingkang bagya mulya, wonten ing dinten menika sampun kathah para anem ingkang sami nyupekaken tata krami ing saben dintenipun, utaminipun nalika ngendika kaliyang tiyang ingkang langkung sepuh. Para anem menika langkung remen ngendika ngangge basa Jawi ngoko utawi basa Indonesia.
Ingkang langkung nggegirisi malih, sakmenika wonten hariwarti utawi kalawarti asring kapacak bab tumindakipun para anem ing jaman sakmenika, wonten ingkang mastani menawi patrapipun para anem sami bibrah, remen nerak angger-anggering negari. Para anem sami nrejang wewaler agami, utawi sami tumindak nerak kasusilan, lan sapanunggalanipun.Kejawi menika, kathah lare sekolah saha mahasiswa ingkang sami gelut lan tawur ing panggenan tentrem lan damel risak utawi ajrih tiyang sanes. (Liputan 6 SCTV Pagi 8 November 2011)
Para lenggah ingkang kinurmatan, kenging menapa bab mekaten wau kanthi kadadosan, menapa lare sakmenika boten sami mangertos tata krami, utawi menapa tiyang sepuhipun boten nate mulang wuruk bab tata krami dhumateng larenipun. Kamangka tumindakipun para anem menika sanget nemtokaken anggenipun benjang nalika para anem menika pados pedamelan, kaliyan dados spiyon ingkang gambaraken pribadhinipun bangsa lan negari.
Wonten salebetipun Al-Quran ing surah Ar Ra’d ayat 11 sampun dipunartosaken, menawi saestunipun Allah SWT boten ngribah nasibipun tiyang sadherengipun tiyang sakmenika ngribah tindak tandukipun. Awit saking menika, mangga panjenengan sedaya dalasan kula sami ngajak lare saha rengcangipun supados ngetrapaken tata krami wonten ing saben dintenipun lan wonten pundi kemawon.
Para lenggah ingkang kinurmatan cekap semanten ingkang saged kula aturaken, mugya ingkang kula aturaken punika saged migunani dhumatenh panjenengan sedaya utaminipun kula. Menawi wonten atur kula ingkang kirang nuju prana wonten ngarsanipun panjenengan sami, kula ngaturaken agenging samodra pangaksami , saha kula aturaken agenging panuwun dhumateng para lenggah sedaya ingkang sampun kparing kawigatosan.
Emban cinde emban ciladan
Sakmenika nasibipun tiyang kekalih
Menawi wonten wekdal mironggan
Kenging kita pinanggih malih
Wassalam’ualaikum wr. Wb.
Cari Blog Ini
wcn
Senin, 21 November 2011